Biso Gawe Marem
Sedhela
maneh, kurang saka rong wulan aku wis bebas menganggo, ora kudu nganggo seragam
abu-abu putih, bangku SMA bakal dak tinggalake. Angenangenku wis lumaku adoh,
yen ora UGM ya ITB, paling ora ya UNS wis trima, pokok pamulangan luhur negeri,
awit wong tuwaku mung randha pensiunan, iku wae dhuwit pensiunan kudu
disisihake separo kanggo tuku obat menawa sakwanci-wanci gerahe kambuh. Saupama
aku ketampa neng ITB aku wis mangerteni dhaftar alamat alumnus SMAN I kang
saiki kuliyah aneng ITB sing bakal dak jujug, uga dhaftar alamat alumnus SMAN I
sing saiki wis dadi wong sing berhasil. Pancen nalika reuni akbar taun 2000
sengaja aku golek kenalan kangmas lan mbakyu seniorku sing saiki wis berhasil.
Ana sing saiki dadi menteri, ana sing saiki dadi panglima TNI, lan sing
nglungguhi jabatan eselon siji utawa eselon loro ing Departemen utawa ing BUMN.
Pamrihe mung siji: besuk bakal dak jaluki tulung melu ngragadi kuliyahku. Aku
mono mung pawitan karep lan sregep sinau. Ning kanggo wragad yaiku mau dalane
srana ngubengake tampah golek bantuan beasiswa. Pancen babagan sinau utawa
sekolah bapak swargi banget anggone nggatekake, aku kelingan nalika isih kelas
loro SD, aku dijak nonton proyek pembangunan hotel tingkat sepuluh ing kuthaku.
Bapak ngendika: "Ngerti kowe, sapa sing nggawe hotel iku?" Aku ora
bisa wangsulan, sidane bapak paring wangsulan dhewe: "Sing mbangun hotel
iku insinyur bangunan lan arsitek!". wangsulane bapak manteb.
"Sekolahe neng ngendi pak?" Bapak katon seneng banget mireng pitakonku
mau, karo nyawang wewangunan hotel sing durung rampung anggone mbangun bapak
wangsulan: "UGM, ITB, ITS UNDIP lan ing kutha Solo iku ya ana! Kowe mbesuk
kudu sekolah ing kono ben bisa dadi insinyur utawa arsitek".
Emane
nalika aku lagi lulus SMP bapak wis sowan marak ing ngarsane Pangeran, aku dadi
bocah yatim. Ana rasa sing ora bisa dak bendung, aku duwe kekarepan lan krenteg
kang gedhe kanggo mujudake pepenginane bapak nalika semana, kepengin anake
lanang sing ontang-anting iki bisa dadi insinyur utawa arsitek.
Saka
kidul katon kledhange pak Sujud, wali kelasku, tindak nuju kelasku. "Pram,
ditimbali pak Kepala Sekolah!" Mak dheg rasane ati kaya didhodhog, gek ana
apa, batinku rada geter. Ana ngarepe bapak Kepala Sekolah aku lungguh kursi
rada wedi "Nimbali kula pak?", "Ya, ana bab sing wigati
kanggomu!". Karo mbukak layang, bapak Kepala Sekolah ngendika "Iki
ana tawaran beasiswa kanggo bocah sing pinter lan anake wong kesrakat".
Mak plong rasane atiku, krungu ngendikane pak Toyibun, Kepala Sekolahku, kaya
antuk dalan kanggo nggayuh impenku saksuwene iki. "Yen bab kepinteran aku
percaya yen kowe pinter, bijimu apik-apik kabeh malah kepara dhuwur dhewe sak
sekolahan iki. Nanging aku durung mangerteni kahanan sing saktenane ekonomine
wong tuwamu".
Kaya
wong ketiban rembulan rasane, atiku bungah banget. "Kula purun pak menawi
dipun ragadi kuliyah, awit tiyang sepuh kula namung randhanipun
pensiunan".
Dina
iku aku rumangsa dadi wong sing paling begja sak sekolahan, rumangsaku
kabegjaning ati ora bisa digambarake nganggo ukara. Ana ing acara wisudha
siswa, dibiwarakake yen aku lulus kanthi biji sing paling dhuwur dhewe. Ora
mung iku, isih ketambahan warta sing nyenengake ati, Pramono siswa jurusan IPA3
ketampa aneng ITB Bandung. Swarane keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh,
atiku bombong sak genthong gedhene, kabeh kanca lan guru padha nyalami aku.
Maturnuwun... maturnuwun...
“kowe
sido kuliyah neng Bandung Pram?” pitakone sibu ndadekake kagete atiku. “Inggih
bu, awet sampun ketampi wonten ITB!”, wangsulanku karo mesem. “Njupuk fakultas
apa?”. "Kula ketampi wonten fakultas Teknik jurusan Sipil bu".
"Terus wragade piye, kost ana ngendi, kapan mangkate?", pitakone sibu
mbrubul ora ana enteke. Sanajan katon bungah aku ketampa aneng ITB, nanging
sajake penggalihe rada ora kepranan aku kuliyah neng ITB. "Karepku mono
kowe kuliyah neng kedokteran, paribasane bisa ngiras ngirus kowe mbesuk bisa
ngopeni aku yen aku lara!", ngendikane sibu mau keprungu kaya sajak cuwa
penggalihe. Krungu tembung-tembung sing ngandhut penjaluk mau atiku dadi
bingung, gek aku iki anak ontang anting sing kudu manut miturut dhawuhe sibu,
nanging kabeh mau wis kebacut, aku ngrumangsani luput nalika arep milih jurusan
ora nyuwun tetimbangan sibu, awit aku mung kepengin nuruti apa sing dadi kersane
swargi bapak mbiyen sing kepengin putrane lanang iki dadi insinyur utawa
arsitek. "Menawi babagan wragad kula kuliyah wonten ITB lan panggesangan
sekdangunipun kuliyah sampun wonten ingkang nanggel ngantos lulus".
"Ya syukur yen wis genah ana sing nanggung, aku bungah, nanging apa ora
bisa pindhah fakultas Kedokteran?". Krungu ngendikane sibu mau aku tambah
bingung, sajake pepenginane sibu supaya aku kuliyah aneng kedokteran mau
kepengin dituruti temenan. "Mekaten nggih bu, pilihan kula wonten fakultas
teknik kala wau nggih anggen kula nuruti kersanipun babak swargi!"
"Oh, .... ngono ta, ya wis aku manut!" Sidane sibu mangestoni
anggonku kuliyah ana ing ITB Bandung.
Taun
sepisan aku urip ana Bandung kabeh lumaku lancar, kuliyah lancar, ragad ya
lancar, mula asile kuliyahku ya apik banget, bisa gawe mareme wong sing menehi
beasiswa. Saben liburan aku merlokake mampir nyang daleme bapak Ir. Rohmad ing
jalan Braga Bandung kang maringi beasiswa. Dhasar priyayine grapyak tur
padha-padha saka Solo, mula penganggepe marang aku kaya kulawarga dhewe, malah
aku bisa kekancan raket karo kabeh putra-putrane sing lagi kuliyah ana ing
njaban kutha Bandung. Saben-saben ketemu mesthi aku dijaluki tulung karo
putra-putrane supaya ngajari basa Jawa, amarga sedina sedinane padha nggunakake
basa Sundha karo ibune sing pancen asli priyayi Priyangan iku.
"Nak
Pramono, coba aku tak takon karo sliramu!”, ngendikane pak Rohmad nalika
sawijining dina pinuju jagongan ana teras. “Inggih,... wonten wigatos punapa
pak”, wangsulanku rada kaget. "Yen dak sawang lan dak gatekake, sakploke
anak-anakku mbok ajari basa Jawa, saiki dadi pinter, lan ngerti unggah ungguh,
ngerti suba-sita marang wong tuwa".
Krungu
ngendikane pak Rohmad mau aku dadi melu seneng. Pancen nalika aku ketemu
sepisanan karo putra-putrane pak Rohmad aku rada kaget, jebul putra-putrane
adoh saka tumindak unggah-ungguh, andhap-asor karo wong tuwa, jebul bareng
karep srawung karo aku sing wong Jawa asli kelairan Solo dadi malik grembyang.
Malah miturut rencanane, Dhik Diyah putrane pak Rohmad sing saiki lagi kuliyah
aneng fakultas Kedokteran Unpad mau kepengin dolan menyang Solo sowan daleme
eyange ing kampung Mangkuyudan.
Mbuh
apa iki wis garising uripku, srawungku karo pak Rohmad lan kulawargane sangsaya
raket, sedhela maneh aku bakal diwisudha minangka insinyur teknik sipil, Dhik
Diyah sajake kok ya tambah raket karo aku, kamangka kanca-kancane pria sing
calon dokter ya akeh, malah dheweke sanggup ngancani aneng acara wisuda mbesuk,
semono uga ibuku kok ya katon seneng aku duwe kanca calon dokter, nanging aku
ora wani njanjekake marang ibuku. Aku lagi wae mlebu marang jagading bebrayan
masyarakat kang lagi nedheng-nedhenge mbangun ing sakabehing panggonan, PT
Wastika Karya wis nunggu tenagaku. Perkara sesambunganku karo Dhik Diyah durung
kepikiran, nanging ana rasa eman yen nganti katresnane Dhik Diyah mrucut saka
tanganku. Aneng acara wisudha ibuku terus dikanthi astane karo Dhik Diyah.
Bubar acara wisudha padha poto-potonan, ora krasa eluhku dleweran, wewayangane
swargi bapak katon seneng marem, ing sandhingku sibu ya rumangsa marem aku
cecaketan terus karo Dhik Diyah. Dina iku aku sing mung bocah yatim bisa gawe
marem kabeh kulawargaku lan kulawargane pak Rohmad. Udan rintik-rintik nelesi
kutha Bandung sing awan iku dadi saksi perjuwanganku nggayuh impene bapak
swargi, muga-muga aku bisa gawe marem penggalihe sibu sing kepengin bisa duwe
mantu dokter.
Paimin
“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten
mriki?”
“Wah,
urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging
nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan,
kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi
bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan
lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani lumayan. Hebat niku mas.
Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten
saben tiyang saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke anak,
njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku”
“Kuwi
rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya lumayan
akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo nyekolahke
anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana iuran kene
ngana kae.”
“Kok
nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa
sing biasane katelasan sangu.”
“
He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa
sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”
“
Enggih tha.”
“Lha
iya.”
“
Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”
“
Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas,
penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh,
jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone ana
ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih
ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.
Nalika
durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa
karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora
ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana
tetep padhang jingglang. Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa
luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh
menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau,
ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu.
Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus
Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah
sore dheweke kudu siap-siap dodolan.
Srawunge
apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti
njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti
menawa omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget.
Mikir-mikir. Dheweke mung tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti
mesti kudu ngrewangi bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke
kuwi dienggo nyukupi urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih
ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora tau dolan maneh. Ora gelem.
Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis ora dolan maneh.
Sawise
ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge Mirna,
jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna
bocahe manis. Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin
banjur sering mangan soto ana ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang
warung kana. Warung Soto Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.
Niteni
kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga
sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula
Paimin seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan,
Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe.
Panjaluke kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya mas, sedino nang
ngomahku,” wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak
kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina
minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin
pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis
ora bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono,
kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin rada gembagus.
Warunge
bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin
arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong
Mirna ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe
kepentingan. Mlebu kerja terus. “Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?” pitakone
Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa
belak-belok.”
Paimin
mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus
wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang
ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul
omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe
pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul
ndesa, tur sore mengko Paimin ora bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe
Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi cita-citane
kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang
kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung
menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora
tau maneh mangan soto ana ing Warung Soto Sederhana.
Rada
suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika tuku
cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar pithik.
Barang siji iki pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar
kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha
jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing
jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih empuk tur ndaging.
Kaya
biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis
kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran
ngajak anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan
liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar.
Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh
kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora
patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih
sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”
“
Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”
“
Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake
Paimin marang Inah.
“
Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin
mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu
maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit
sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo
wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke
ganti kathok mergo, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke ora
sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok sing saiki dienggo.
“Nggih
pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane sampeyan.
Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken kangge kulak
cakar.”
Awane
Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu
karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah.
Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan
menyang omahe Inah. Karo bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan
lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau
kedadean tenan.
Sanajan
Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora kepingin
banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa
keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli
kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak
tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora
mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa
si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya omah nang kana wae.
Paimin
seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa bebojoan karo
Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa diarani bagus,
isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare
kancane. Paimin manthuk-manthuk wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane
sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek bojo.
Kanthi
pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe Inah.
Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing
nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin
dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke
bakalan seminggu ana nang ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake
karo bapake Inah. Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging
bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang Klaten.
Setu
awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul angkringan,
bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa
kok Paimin ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa
ana masalah mbok dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho
ditakokake karo Inah,” mangkana tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu
mbingungi semu isin.
Dina
setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong
olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki
kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan
kang jajan ana nagkringane.
Nunut
“Mas, sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe
ngoten, sampeyan gadhah perusahaan napa, Mas?”
Paimin
kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang angkringane. Paimin eling
tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi jajan nang angkringane. Paimin
kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi angkringane. Ora lesehan kaya
liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane ya ora akeh. Paling sega wungkus
thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake wong proyek sing lagi ora duwe dhuwit.
“Wah,
sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana dhuwe omah samono
gedhene. Apik sisan.”
“Lha
sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake sampeyan olehe njupuki
piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku nggih omahe wong liya, sampeyan
nggih blunas blunus kaya neng omahe dhewe ngoten kok.”
“Ora
mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”
“Nunggu,
tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan. Mengko menawa lagi dibutuhake terus
lagi bakulan, banjur priye,” pitakone pawongan kuwi mau, sajak bingung.
Paimin
sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.
“Kuwi
dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono, kabeh keluargaku oleh mapan nang
kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku nganti bisa mapan nang kono kuwi,”
omongane Paimin mbagusi.
Paimin
ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono. Sepisanan bakul angkringan ora nang
kono. Dheweke ndisik mapan nang pinggir ndalan. Cedhak Universitas Negri.
Nyadong rejeki saka mahasiswa apa tukang parkir sing seneng jajan nang
angkringan. Janjane sing seneng jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh pawongan
sing neng Universitas Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana wae sing
seneng pesen wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan wae
kadhangan ya pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo kanca
wedhangan.
Pak
Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane, ngajaki cerita neka-neka.
Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa wae, Paimin dicritani karo Pak
Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa ana mahasiswane sing arep ketemu, pingin
bimbingan apa ngaturake tugase, karo Pembantu Dekan kuwi diajak ketemu nang
angkringane Paimin. Menawa sing diajaki ketemonan kancane Pak Pembantu Dekan
sing bareng-bareng anggone golek kerja samben, terus dum-duman hasile, Paimin
uga mesti ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari mangan lan ngombene karo
Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung nulis, embuh nulis apa
Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo seneng-seneng. Kena
dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora dhuwe dhuwit.
Paimin
seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong pinter-pinter. Arepo ora
saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita, nanging Paimin bisa ngrungokake.
Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake. Paimin nyinau apa wae sing diomongake karo
sing padha jajan kuwi mau. Sanajan ora kabeh omongan bisa dipahami Paimin, nanging
Paimin krasa menawa kawruhe sansaya tambah.
Setengah
tahun Paimin dodolan nang papan kono. Tepung karo karyawan Universitas Negri,
tepung karo mahasiswa, lan tepung karo Pak Pembantu Dekan sing seneng karo
cakar pithik, aneh miturute Paimin, bisa tuku sing luwih ndaging kok sing
disenengi cakar pithik. Paimin menawa ditari milih, rak ya milih dada apa pupu,
sing luwih ndaging. Kabeh mau srawunge apik. Malah karo sing ora dhuwe dhuwit
tenan Paimin olah oleh wae diutangi. Wong urip kuwi wajibe tetulungan. Lagi ana
sing butuh pitulungan, Paimin bisa nulung, ya Paimin nulung. Sapa ngerti Paimin
mengko sing genten butuh pitulungan.
Sawise
kira-kira setengah tahun kuwi mau, Pak Pembantu Dekan njagong nang angkringane
banjur menehi kabar. “Kang, sedhelo maneh kowe ora oleh dodolan nang kene.”
Paimin
kaget. Dheweke uwis seneng bakulan nang kono. Badhi ora akeh-akeh banget
nanging Paimin wis rumangsa seneng. Dadi menawa kudu pindah, Paimin rumangsa
gela. Paimin langsung mikir, mesti kedadeane ora beda karo kanca-kanca sing
dodolan nang pinggir-pinggir dalan liyane. Padha ora oleh bebakulan maneh nang
pinggir dalan.
“Jlentrehe
pripun tho, Pak, niku, kok kula mboten angsal malih bakulan wonten mriki?”
pitakone Paimin njaluk katrangan.
“Jare
ya kuwi kang, bakul-bakul ngene iki ngganggu wong mlaku, tur ora rapi.”
Paimin
meneng wae. Sanajan gela, nanging dheweke rumangsa, papan kene dudu dhuweke.
Menawa dheweke dikon lungo seka papan kono, mesti ora bisa nyengkelak. Kudu
manute. Kudu lungane. Sanajan kawit bebakulan dheweke mapan nang kono, dijaluki
dhuwit jare dinggo pajek, dheweke ya menehi, ngono kuwi mau merga dheweke
rumansa nunut. Sewu apa rongewu kuwi disadari, merga papan kono dudu dhuweke.
Papan kono mau dhuweke negara. Arepo jare dheweke sing nduweni negara kae,
ngono miturure mahasiswa sing padha rembugan nang angkringan kono, nanginging
Paimin ora rumangsa nduweki negara. Adoh banget kuwi seka pamikirane.
“Gek
kula pripun niki mangkih nggih, Pak?” Paimin takon sinambi Nggresula.
“Kowe
ora usah susah kang. Mengko paling kon lungo rong sasi maneh. Mengko kowe tak
golekke panggon. Aku seneng karo cakarmu iki. Mengko tak golek papan sing aku
gampang nggoleki angkringanmu iki. Mengko menawa kowe golek dhewe, aku ora bisa
nemokake kowe.”
Paimin
bungah. Ora usah susah-susah golek panggon dienggo dodolan. Pak Pembantu Dekan
saguh arep nggolekke papan kanggo dodolan. Tur dheweke seneng isih bisa ketemu
karo Pak Pembantu Dekan sing apikan kuwi mau. Mesti pak Pembantu Dekan kuwi mau
bakal njagong maneh nang angkringane, merga dheweke pancen seneng tenan karo
cakare Paimin. Cakar pithik sing didol Paimin nang angkringane.
“Wis
rong minggu, Pak Pembantu Dekan durung menehi kabar. Dheweke njagong nang
angkringan nanging meneng wae ora ngrembuk bab panggon dodolan. Apa maneh
dheweke katon srius rembugan karo kancane. Paimin ora wani ngganggu. Rong
minggu sabanjure malah ora tau ngetok. Paimin krungu kabar menawa Pak Pembantu
Dekan tindhak menyang luwar kutha. Kurang seminggu wektune Paimin kudu lunga
seka papan kono, Pak Pembantu Dekan lagi ngetok. Ngguya ngguyu sajak ora
rumangsa Paimin nunggu-nunggu.
“Wis
oleh papan aku, Kang. Nanging nganu ya, kowe karo nunggu omahe mbakyuku.
Dheweke arep sekolah nang luwar negeri, kabeh keluargane diajak. Omahe suwung.
Dadi omah kuwi karo tunggunen. Mengko olehmu bakulan nang sanding omahe kana.
Urung ana bakul nang kana, mengko rak suwe-suwe rame. Mengko tak jalukake
tulung kancaku men olehmu bakulan kuwi rame.”
Paimin
bungah banget. Ora mung oleh papan dienggo dodolan. Nanging uga malah oleh
omah. “Nggih, pak, maturnuwun. Maturnuwun sanget. ”Pak Pembantu Dekan mung
mesam-mesem ngerti Paimin sing ujug-ujug sajak prakewuh.
Dina
Setu wayahe Paimin Senen wis ora oleh dodolan maneh nang papan kono, Paimin
dhuwe janji karo Pak Pembantu Dekan, arep niliki omah lan papan anyar sing arep
dienggo dodolan. Sisan kabeh barang-barange digawa menyang papan anyar kuwi
mau. Nanging, amarga Paimin kudu nyurung gerobake, Paimin ora bisa bareng
numpak mobil. Dheweke mlaku. Mung diancer-anceri papan sing arep dituju.
Tekan
panggon, Paimin gumun. Omahe gedhe tur apik banget. Latare jembar.
“Iki
omahe kang, mengko kowe olehmu dodolan nang ndalan pojok omah kono. Omah iki
tunggunen, resikana sabendina. Anggep kaya-kaya omahmu dhewe, sesuk menawa sing
dhuwe omah kuwi mulih, men omahe ora ketok nyanyring.”
Paimin
semaguh. Sapa ora bungah ketiban rejeki kaya ngono. Dheweke rumangsa beja,
langsung oleh pitulungan ngono. Ora ndadak susah golek papan. Menawa ora
nemu-nemu bisa uga Paimin bali ndisik menyang Klaten. Leren olehe bebakulan.
Sesuk menawa wis ana greget maneh lagi wiwit maneh anggone bebakulan.
“Ngono
kuwi critane Mas. Dadi kuwi pancen dudu omahku. Aku mung dikon nunggu, soale
sing nduwe lagi nang luwar negeri. Jare rong tahun anggone sekolah. Mengko
menawa arep neruske sekolahe berarti luwih suwe maneh. Wis nggono, bareng aku
bebojoan, jare Pak Pembantu Dekan, bojoku ya oleh mapan kene. Sawise rong tahun
jebul ora mulih-mulih. Malah jare arep saklawase omah nang kono, marga wis oleh
panguripan nang kono. Tekan saiki aku ya mapan nang kene” tembunge Paimin
ngrampungi anggone cerita babagan omah sing saiki dinggo manggon.
Pupus
Pari
neng sawah wis mrekatak kuning rata lan mentes-mentes, seminggu maneh bisa
dipanen. Atine nyicil ayem dene cepakan dhuwit kanggo mbayar sekolahe anake wis
ana. Marni sing wulan iki arep ujian akhir SMU kepingin neruske kuliah ana
pertanian bakal kelakon.
Anak
mbarep digadhang-gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh gaweyan
sing bayare maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Karo
rengeng-rengeng mecaki galengan, Karjo ngubengi sawah sinambi ngusah
manuk-manuk emprit lan glathik sing arep neba.
Tekan
omah esem lan guyune renyah kaya bocah cilik kang lagi kalegan atine sebab
keturutan karepe.
"Kok
sajak seneng atimu Pakne, ana apa ta?" bojone takon nlesih. "Beres,
dhuwit pasedhian kanggo golek sekolahe anak mbarep wis ana"
"Genahe
pripun ta Pakne!"
"Iya
genah bae, karo meneh ya gak pripan-pripun." Ngono olehe semaur nganggo
dialek Jawa Timure sing medhok.
"Pancen
rada ora genah, kesambet na ngendi ki mau"
"Onten
napa ta Mak, kok ndremimil dhewekan!" anake mbarep njedhul mulih sekolah.
"Bapakmu
kae Iho delengan mesam-mesem dhewekan kaya wong lagi kesurupan”
"Napa
enggih ta Pak?"
"Sapa
sing kesurupan. Ya Makmu iku sing rada nglimbung."
"Bapak
kok sajak seneng antuk rejeki nomplok napa"?
"Dudu
rejeki nomplok sebab menang tombokan, nanging delengen kae na sawah parine wis
padha kuning mrekatak seminggu engkas panen!",
"Kula
saget kuliah onten pertanian yen ngaten nggih Pak?"
"Kuwi
jeias ndhuk. Sebab butuhe bakal kecukupan"
"Lha
aku kebagian apa Pak?" anake lanang sing nomer loro njedhul mulih sekolah
nyela-nyela takon.
"Ya
mengko sisane dhuwit sing dianggo golek sekolahe mbakyumu kena kanggo
kowe"
"Sida
ganti sepedhah tenan bakale”
“Sepedhahmu
kae kurang apik pa? Kok dadak njaluk diganti?"
"Nggih
mboten! Namung kurang sip"
"Wis
kono salin terus mengko barmangan ngewangi Bapak ndandani pager sing sisih
mburi!"
Awan
kuwi kang Karjo kanthi ati sing mantep dandan pager direwangi Sardi anake sing
nomer loro ya sing ragil, karan kang Karjo anake ya mung loro. Mbarepe wadon
jenenge Sumarni sekolahe ana SMU klas telu wis ngadhepake ujian akhir dene
Sardiyono anake lanang sing nomer loro ana SLTP klas loro.
Najan
uripe pas-pasan kang Karjo ora ngresula, anane mung rumangsa sukur marang
pangeran sebab rezekine tansah lumintu tekane.
Bubar
dandan pager reresik awak banjur salin penganggo sing rada pantes, ganthane
arep dolan nggone Babah Acheng perlu takon rega gabah.
"Dengaren
macak! Arep nyang ngendi Pakne?" sing wadon takon nalika ketemu ana latar
ngarep.
"Nggone
Babah A-cheng takon rega gabah!"
"Karo
pesen mesin doser pisan nggone Kaji Marwan"
"Yoh.
Ngestoke dawuh Dalem!"
Yu
Karjo ora wangsulan, nerusake anggone reresik jogan ngarep omah. Omah joglo
kuna tinggalane wong tuwane kang Karjo diupakara kanthi permati ngelingi omah
tinggalan sing ora melu mecel mung kari ngenggoni. Najan omah wis rada tuwa
nanging yen diupakara ya katon isih apik.
"Bapak
nyang ngendi Mak kok sajak perlu banget?" pitakone Marni metu saka njero
ngomah terus lungguh ana dhingklik emper omah.
"Takon
rega gabah nggone Babah Acheng!"
"Kapan
ta Mak panene?"
"Yen
ora ana alangan kira-kira seminggu maneh"
"Apik
ya parine?"
"Kandhane
Bapakmu parine apik, mentes-mentes."
"Ya
sukur ben payune akeh bisa kanggo ragat golek kuliahan"
"Melua
ndedonga bae ben kekarepanmu keturutan"
Lagi
bae anak karo simbok rembugan ora kanyana Bardi blantik teka uluk salam banjur
takon.
"Kang
Karjo nyang endi Yu, kok sepi?" pitakone.
"Ki
maeng lagi metu nyang nggone Babah Acheng takon rega gabah karo mampir nggone
Kaji Marwan mesen closer kanggo panen seminggu maneh"
"Arep
di panen dhewe pa? Ora di tebaske? Yen ditebaske tak petunge piye?"
"Ya
... kana rembugen karo Bapake Marni yen mengko wis teka"
"Ana
pirang kothak ta Yu?"
"Pitung
kothak kurang sithik"
"Njaluk
pira Yu saben sakwintale?"
"Aku
ora ngerti Mas, wong maeng Bapakne Marni ora pesen apa-apa." "Ya wis
Yu! Aku njaluk pamit disik. Mbokmenawa mengko ketemu takjake rembugan"
"Iya
sakarepmu anggere Bapakne Marni cocog regane"
Blantik
Bardi sing gaweyane adol kewan sinambi dadi tukang tebas pari banjur mulih
diuntapake bojone Karjo tekan latar.
Mulih
saka nygone Babah Acheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada
dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen
panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana
patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar regad Marni golek papan kuliah.
Menungsa
wenang ngrancang nanging Gusti Allah sing nemtokake. Sore udan ora leren-leren
nganti rong dina rong bengi. Hawane atis lan dalan ngarep omahe jenes amarga
kesiram banju udan sing ora ana kendhone.
Bubar
Maghrib keprungu swara kenthong titir lan ora suwe keprungu wong undang-undang
jenenge.
"Kang
Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune
mbludag arahe mrene" mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
"Apa,
Dham Buntung ambrol?"
"Iya!
Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!"
Enggal-enggal
Karjo salin pengganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale
dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana
ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan
dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa.
Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe
sing arep panen lan biaya kanggo anake neruske sekolahe.
Arepa
dikupiya bebarengan nanging gedhene banyu ora bisa diajak rembugan. Banyu mili
kimplah-kimplah ora bisa dicegah. Tegal jagung duweke mbah Wongso diterjang
bablas ora ditinggali apa-apa babar pisan. Kabeh digondho! Ian diawutawut turut
iline banyu. Karjo enggalenggal mlaku ngunclug menyang sawahe. Katon pari sing
sepasar maneh dipanen padha rubuh ketrajang banyu banjir saka jebolan Dham
Buntung.
Atine
angles meruhi kahanan sing mengkono mau. Angen-angen oleh duwit panen Hang
musna mung kari eluh sing tumetes metu ora kerasa. Ing bathin maneges marang
sing Kuwasa.
"Duh
Gusti punapa lepat kawula ngantos Paduka andhawahaken bebendu ingkang kados
punika"; ngono pangresah atine. Banyu banjir isih mili lerap-lerap kaya
miline tangise ati sing lagi nampa pacoban. Dina sesuke durung ngerti embuh
kepiye kawusanane. Amung Gusti kang mangerteni.
Biso Gawe Marem
Sedhela
maneh, kurang saka rong wulan aku wis bebas menganggo, ora kudu nganggo seragam
abu-abu putih, bangku SMA bakal dak tinggalake. Angenangenku wis lumaku adoh,
yen ora UGM ya ITB, paling ora ya UNS wis trima, pokok pamulangan luhur negeri,
awit wong tuwaku mung randha pensiunan, iku wae dhuwit pensiunan kudu
disisihake separo kanggo tuku obat menawa sakwanci-wanci gerahe kambuh. Saupama
aku ketampa neng ITB aku wis mangerteni dhaftar alamat alumnus SMAN I kang
saiki kuliyah aneng ITB sing bakal dak jujug, uga dhaftar alamat alumnus SMAN I
sing saiki wis dadi wong sing berhasil. Pancen nalika reuni akbar taun 2000
sengaja aku golek kenalan kangmas lan mbakyu seniorku sing saiki wis berhasil.
Ana sing saiki dadi menteri, ana sing saiki dadi panglima TNI, lan sing
nglungguhi jabatan eselon siji utawa eselon loro ing Departemen utawa ing BUMN.
Pamrihe mung siji: besuk bakal dak jaluki tulung melu ngragadi kuliyahku. Aku
mono mung pawitan karep lan sregep sinau. Ning kanggo wragad yaiku mau dalane
srana ngubengake tampah golek bantuan beasiswa. Pancen babagan sinau utawa
sekolah bapak swargi banget anggone nggatekake, aku kelingan nalika isih kelas
loro SD, aku dijak nonton proyek pembangunan hotel tingkat sepuluh ing kuthaku.
Bapak ngendika: "Ngerti kowe, sapa sing nggawe hotel iku?" Aku ora
bisa wangsulan, sidane bapak paring wangsulan dhewe: "Sing mbangun hotel
iku insinyur bangunan lan arsitek!". wangsulane bapak manteb.
"Sekolahe neng ngendi pak?" Bapak katon seneng banget mireng
pitakonku mau, karo nyawang wewangunan hotel sing durung rampung anggone
mbangun bapak wangsulan: "UGM, ITB, ITS UNDIP lan ing kutha Solo iku ya
ana! Kowe mbesuk kudu sekolah ing kono ben bisa dadi insinyur utawa
arsitek".
Emane
nalika aku lagi lulus SMP bapak wis sowan marak ing ngarsane Pangeran, aku dadi
bocah yatim. Ana rasa sing ora bisa dak bendung, aku duwe kekarepan lan krenteg
kang gedhe kanggo mujudake pepenginane bapak nalika semana, kepengin anake
lanang sing ontang-anting iki bisa dadi insinyur utawa arsitek.
Saka
kidul katon kledhange pak Sujud, wali kelasku, tindak nuju kelasku. "Pram,
ditimbali pak Kepala Sekolah!" Mak dheg rasane ati kaya didhodhog, gek ana
apa, batinku rada geter. Ana ngarepe bapak Kepala Sekolah aku lungguh kursi
rada wedi "Nimbali kula pak?", "Ya, ana bab sing wigati
kanggomu!". Karo mbukak layang, bapak Kepala Sekolah ngendika "Iki
ana tawaran beasiswa kanggo bocah sing pinter lan anake wong kesrakat".
Mak plong rasane atiku, krungu ngendikane pak Toyibun, Kepala Sekolahku, kaya
antuk dalan kanggo nggayuh impenku saksuwene iki. "Yen bab kepinteran aku
percaya yen kowe pinter, bijimu apik-apik kabeh malah kepara dhuwur dhewe sak
sekolahan iki. Nanging aku durung mangerteni kahanan sing saktenane ekonomine
wong tuwamu".
Kaya
wong ketiban rembulan rasane, atiku bungah banget. "Kula purun pak menawi
dipun ragadi kuliyah, awit tiyang sepuh kula namung randhanipun
pensiunan".
Dina
iku aku rumangsa dadi wong sing paling begja sak sekolahan, rumangsaku
kabegjaning ati ora bisa digambarake nganggo ukara. Ana ing acara wisudha
siswa, dibiwarakake yen aku lulus kanthi biji sing paling dhuwur dhewe. Ora
mung iku, isih ketambahan warta sing nyenengake ati, Pramono siswa jurusan IPA3
ketampa aneng ITB Bandung. Swarane keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh,
atiku bombong sak genthong gedhene, kabeh kanca lan guru padha nyalami aku.
Maturnuwun... maturnuwun...
“kowe
sido kuliyah neng Bandung Pram?” pitakone sibu ndadekake kagete atiku. “Inggih
bu, awet sampun ketampi wonten ITB!”, wangsulanku karo mesem. “Njupuk fakultas
apa?”. "Kula ketampi wonten fakultas Teknik jurusan Sipil bu".
"Terus wragade piye, kost ana ngendi, kapan mangkate?", pitakone sibu
mbrubul ora ana enteke. Sanajan katon bungah aku ketampa aneng ITB, nanging
sajake penggalihe rada ora kepranan aku kuliyah neng ITB. "Karepku mono
kowe kuliyah neng kedokteran, paribasane bisa ngiras ngirus kowe mbesuk bisa
ngopeni aku yen aku lara!", ngendikane sibu mau keprungu kaya sajak cuwa
penggalihe. Krungu tembung-tembung sing ngandhut penjaluk mau atiku dadi
bingung, gek aku iki anak ontang anting sing kudu manut miturut dhawuhe sibu,
nanging kabeh mau wis kebacut, aku ngrumangsani luput nalika arep milih jurusan
ora nyuwun tetimbangan sibu, awit aku mung kepengin nuruti apa sing dadi
kersane swargi bapak mbiyen sing kepengin putrane lanang iki dadi insinyur
utawa arsitek. "Menawi babagan wragad kula kuliyah wonten ITB lan
panggesangan sekdangunipun kuliyah sampun wonten ingkang nanggel ngantos
lulus". "Ya syukur yen wis genah ana sing nanggung, aku bungah,
nanging apa ora bisa pindhah fakultas Kedokteran?". Krungu ngendikane sibu
mau aku tambah bingung, sajake pepenginane sibu supaya aku kuliyah aneng
kedokteran mau kepengin dituruti temenan. "Mekaten nggih bu, pilihan kula
wonten fakultas teknik kala wau nggih anggen kula nuruti kersanipun babak
swargi!" "Oh, .... ngono ta, ya wis aku manut!" Sidane sibu
mangestoni anggonku kuliyah ana ing ITB Bandung.
Taun
sepisan aku urip ana Bandung kabeh lumaku lancar, kuliyah lancar, ragad ya
lancar, mula asile kuliyahku ya apik banget, bisa gawe mareme wong sing menehi
beasiswa. Saben liburan aku merlokake mampir nyang daleme bapak Ir. Rohmad ing
jalan Braga Bandung kang maringi beasiswa. Dhasar priyayine grapyak tur
padha-padha saka Solo, mula penganggepe marang aku kaya kulawarga dhewe, malah
aku bisa kekancan raket karo kabeh putra-putrane sing lagi kuliyah ana ing
njaban kutha Bandung. Saben-saben ketemu mesthi aku dijaluki tulung karo
putra-putrane supaya ngajari basa Jawa, amarga sedina sedinane padha nggunakake
basa Sundha karo ibune sing pancen asli priyayi Priyangan iku.
"Nak
Pramono, coba aku tak takon karo sliramu!”, ngendikane pak Rohmad nalika
sawijining dina pinuju jagongan ana teras. “Inggih,... wonten wigatos punapa
pak”, wangsulanku rada kaget. "Yen dak sawang lan dak gatekake, sakploke
anak-anakku mbok ajari basa Jawa, saiki dadi pinter, lan ngerti unggah ungguh,
ngerti suba-sita marang wong tuwa".
Krungu
ngendikane pak Rohmad mau aku dadi melu seneng. Pancen nalika aku ketemu
sepisanan karo putra-putrane pak Rohmad aku rada kaget, jebul putra-putrane
adoh saka tumindak unggah-ungguh, andhap-asor karo wong tuwa, jebul bareng
karep srawung karo aku sing wong Jawa asli kelairan Solo dadi malik grembyang.
Malah miturut rencanane, Dhik Diyah putrane pak Rohmad sing saiki lagi kuliyah
aneng fakultas Kedokteran Unpad mau kepengin dolan menyang Solo sowan daleme
eyange ing kampung Mangkuyudan.
Mbuh
apa iki wis garising uripku, srawungku karo pak Rohmad lan kulawargane sangsaya
raket, sedhela maneh aku bakal diwisudha minangka insinyur teknik sipil, Dhik
Diyah sajake kok ya tambah raket karo aku, kamangka kanca-kancane pria sing
calon dokter ya akeh, malah dheweke sanggup ngancani aneng acara wisuda mbesuk,
semono uga ibuku kok ya katon seneng aku duwe kanca calon dokter, nanging aku
ora wani njanjekake marang ibuku. Aku lagi wae mlebu marang jagading bebrayan
masyarakat kang lagi nedheng-nedhenge mbangun ing sakabehing panggonan, PT Wastika
Karya wis nunggu tenagaku. Perkara sesambunganku karo Dhik Diyah durung
kepikiran, nanging ana rasa eman yen nganti katresnane Dhik Diyah mrucut saka
tanganku. Aneng acara wisudha ibuku terus dikanthi astane karo Dhik Diyah.
Bubar acara wisudha padha poto-potonan, ora krasa eluhku dleweran, wewayangane
swargi bapak katon seneng marem, ing sandhingku sibu ya rumangsa marem aku
cecaketan terus karo Dhik Diyah. Dina iku aku sing mung bocah yatim bisa gawe
marem kabeh kulawargaku lan kulawargane pak Rohmad. Udan rintik-rintik nelesi
kutha Bandung sing awan iku dadi saksi perjuwanganku nggayuh impene bapak
swargi, muga-muga aku bisa gawe marem penggalihe sibu sing kepengin bisa duwe
mantu dokter.
Sambung
Tresna Karo Lelembut
Jagading
Lelembut
Dening
: Nini Klenyem
Dhek
emben sasi sing wis kepungkur, penulis jagong manten neng Sragen, ketemu kanca
lawas dhek isih ana SLTA biyen. Padha dene ora ngira, yen ing pista manten kuwi
aku lan dheweke bakal ketemu. Jarene kancaku mau, sing kagungan kersa mantu kuwi
mbakyune, dene aku rak biyen kanca tunggal kelas. Maklum suwe ora ketemu, mula
aku wong loro milih enggon rada kiwa anggone lungguh. Sepisan olehe crita ben
ora ngganggu tamu liyane, kejaba kuwi bisa crita apa wae bebas, merga ora
keganggu tamu liya sing mesthi wae ora sambung, wong? ora kenal lan ora sak
pejagong. Bareng wis takon sak suwene sakbubare sekolah, lan sak teruse ketemu
wis dadi wong tuwa iki, dheweke njur takon ngene :
?Mbak
apa garwamu ki asmane pak Sarjoko?? Aku mangsuli:
?Iya.?
Dheweke njur kandha :
?O
layak? dadi sing sok nulis kae kowe ta?? Aku mung ngguyu.?Ha nek ngono mbak,
aku tak crita ya, tulisen, saiki rungokna!? Aku mapan lungguh sing kepenak,
karo siap ngrungokake critane kancaku mau. Bareng ngerti uku wis serius
anggonku arep ngrungokake, dheweke banjur wiwit crita. ?Ngene mbak, ing ndesaku
kana, aku nduwe tangga sing wis apik banget karo aku, prasasat wis kaya sedulur
dhewe. Nganti apa wae dicritakke karo aku, senajan kuwi wadi. Wong mau jenenge
bu Kadri, lha kakunge jenenge Raharjo. Anggone bebrayan wis suwe, pinaringan
momongan telu sing cilik dhewe isih ana SD. Bu KAdri kuwi wonge putih semok tur
gagah, ning ora klebu sulistya. Grapyak? sumanak? pinter srawung, mung emane
thukmis, gampang ketarik priya liya senajan wong kuwi wis nduwe bojo kaya
dheweke. Mung gumunku mbak, wong sing disiri karo bu Kadri kuwi kok ya olehe
mesthi nglanggati.
Emane
bu Kadri kuwi uripe mung klebu pas-pasan, mergane kakunge kuwi ya klebu mung
dhanyang buruh tur ya klebu bodho tinimbang putrine. Mula ditinggal ngiwa
barang ya meneng wae. Sing keri dhewe, angger wong wis padha ngerti, nek bu
Kadri gandheng karo pak RT ne. Bu RT ngerti kok ya meneng wae.? Mula aku njur
dhedhes bu Kadri ngene : ?Kowe ki ra samar nek di krampyang bu RT pa bu??
Wangsulane bu Kadri : ?Ora dhik, wong aku melu ngrewangi olehe gawe omah sing
anyar iki kok. Wista, nek ora aku sing ngrewangi tuku kayu? gendheng.. lan
material liyane, durung mungkin dadi.? Kancaku mau nanjih :
?Ora
mbak lha dhuwitmu saka ngendi entukke?? Bu Kardi nyedhak karo kandha :
?Tak
blakani ya dhik, ning aja kandha sapa wae!? Kancaku sumaguh.
?Dhik,
sejatine rak wis sauntara, kejaba aku hubungan karo pak RT kuwi, aku ya nduwe
pacar sing wis kaya bojone. Dheweke kuwi lelembut sing tansah aweh dhuwit sing
kena ndak enggo nguja pak RT kuwi.? Kancaku nanjih :
?Olehmu
tetemon ana ngendi, bu??
?Ya
ana omahku dhik, dheweke njanjeni pendhak malem Jum?at nek wis wengi kahanan
sepi. Janji wis ana angin semiyut rada gemrubug lan lampu kamarku mak pet mati,
ya kuwi dheweke teka njur langsung ngekeb aku. Biasane aku mung takon, Kowe wis
teka?? Dheweke mangsuli cetha : ?Uwis!? Yen wis ngono dhik, dheweke njur
ngarasi aku sak katoge lan tangane oprasi neng perangane awak-awakku sing
marahi kerangsang. Yen aku wis ora kuwawa ngampah, dhik, dheweke tatrap ngajak
aku mabur neng sandhuwuring mega sap pitu, ngrasakke nikmate swarganing daging
sing tanpa upama. Aku marem, sajake kana ya luwih dening marem, nyatane njur
bleg seg merem turu. Semono uga aku ya njur les turu neng kekebane. Gagat esuk,
lamat-lamat aku krungu lan uga krasa yen ana? swara gemrubug lan angin sumiyut,
lan njur mak byar lampun kamarku? urip, ya nalika kuwi dheweke lunga. Lan let
sedhela njur keprungu adan Subuh.?
?Sampeyan
ora wedi bu, karo sing ngemori sampeyan kuwi?? kancaku nanjih.
?Wedi
piye dhik, wong rupane ya bagus, dedek piyadege ya kaya wong-wong kuwi, kulite
ya alus. Wista pokoke nyenengke. Lan jroning ulah salulut, antuke kemareman jan
nagihi ngluwihi priya sing wis tau tak rasakke? durung ana sing madhani.? Ngono
ketrucut tembunge bu Kadri sing sajake lali, yen iku tumindak slingkuh. Kancaku
mau jare takon maneh:
?Apa
nek teka kuwi ora mbok suguh apa-apa, bu?,? dheweke mangsuli :
?Ora
dhik, mung welinge nalika arep teka sepisanan biyen, aku dikon nyedhiyani
gedhang emas telung iji sing mateng kuning. Ning tan kocapa dhik, esuk yen
dheweke wis lunga, tak tiliki gedhang mau wis dadi ireng lonyot. Sidane ya ming
njur tak buang.? Kandhane bu Kadri. Aku sing dicritani olehku nggatekke tenan,
supaya aku bisa nulis bener kaya critane. Bareng kancaku mau meneng, aku njur
nerang.
?Njur
sateruse piye, dhik?? kancaku mangsuli :
?Anu
mbak, aku krungu-krungu dheweke ki sabanjure seneng karo guru seni, ning
priyayine saka pondhok pesantren, sing jare uga mulang ngaji barang. Dadine
sing dipencuti bu Kadri kuwi kejaba ngibadahe tumemen, ning ya guru seni lan
baut micara, wong jare nek disuwun medhar sabda ya baut tur sastrane bener.?
Kancaku sing uga penulis mau mungkasi critane karo kandha ngene :
?Ya
muga-muga wae mbak, priya sing dipencuti iki, bisa mbalekake kesadharane bu
Kadri, lan misahake sesambungane karo makhluk seje alam kuwi, mundhak dadi wong
ora lumrah. Iya nek ora ngapa-ngapa, nek mengko nganti ana thukulane, njur kaya
ngapa dadine.? Mengkono critane kancaku penulis mau. Para maos pitados mangga,
dene ora ya ora dadi ngapa, jer maos mono sawetara kena kagem panglipuring
penggalih.
Rampung
-fauz-
Komentar
Posting Komentar